jump to navigation

Rasulan Januari 30, 2012

Posted by jjwidiasta in View of my Homeland.
trackback

Penulis Dhanar Widianta.

Gunungan atau ancak dalam prosesi rasulan

 

Tanduranira wijilana, uripana, wasuhana, anyarana, sumilirana, wijilana  tanduranira. (Anonim).

Sawijining ‘desa kabuyutan’ ing jaman pra-sejarah ing wewengkon Gunungkidul, udakara 5 km mengalor saka kutha Wonosari, mbokmenawa bisa menehi warta bab manungsa; bab ngapa wong-wong Gunungkidul lan wong Jawa lumrahe rumangsa ‘nduweni’ apa sing diarani rasulan iku.

Sisa-sisa desa kabuyutan (yen wong Sunda ngarani karuhunan) iku tinemu ing Sokoliman lan Gunungbang; wilayah sakiwa tengene kali Oya, ing Desa Bejiharjo, kang kaya-kaya endahing lansekap wit-witan kayu putih kang jembar kanthi ora sadhar nutupi apa sing bisa luwih akeh kewiyak ing kana: sumber banyu kuno, fragmen kapak, gerabah, kuburan watu, manik, lingga kang wujude kaya ‘saka’ (cagak), lan akeh artefak liyane. Mbokmenawa iki othak-athik gathuk karo etimologine tembung ‘sokoliman’: ‘saka’ sing cacahe ‘lima’. Ana konsep tata desa kabuyutan kang dumadi saka limang penjuru angin, yakuwi kliwon, pon, wage, legi, pahing. Yen nganggo basane Mircea Elliade iki diarani kesatuan pusat-pinggiran. Utawa konsep mandhala-ne wong Timur umume. Kepara, yen gelem jujur, tata desa utawa mandhala iki dianggo dening peradaban endi wae sak-indenging bumi; Mesir, Sumeria, Mesopotamia, Mohenjodaro-Harappa, lsp. Banjur dianggo minangka lambang utawa simbul tumrape akeh peradaban utawa etnis ing bumi. Iki gegambaran lair lan batine tata desa. Iki dalan kanggo nonton jaman biyen, jaman semono, nadyan ana sawetara ngelmu kang mbabarake yen wektu biyen-saiki-mbesuk iku ora ana, tegese padha: wektu saiki thok thil. Nanging tarkadhang kita perlu manganggo cara ‘sing partikular’ supaya mangerti ‘sing wiyar’. Iki mung masalah beda titik ‘cara nonton’ wae. Wong-wong kabuyutan Sokoliman nyedhaki banyu, ing pinggiring Oya (oya=wway=banyu); karana banyu iku nguripi sing bisa urip, kaya ta tetaneman lan kewan, uga apa sing diarani ‘desa’. Banjur dha nenandur.

Arak-arakan membawa gunungan dari masing-masing dusun.

Jaman biyen pancen sadawane pitakonan. Akeh kang tinemu iku wantahe dudu bahan sing tahan suwe, nahan kridhaning jagad. Manungsa lumaku, jagad ya mlaku, terus mulur. Nunggu wektu kapan mungkret, banjur supernova, njur peteng. Lan mung peteng. Ananging saka ritual-ritual kang nate ana neng bumi, nuduhke yen ana ‘ana’ sing tahan luwih suwe, lestari, yaiku penggalihane wong-wong kabuyutan. Penggalihane masyarakat agraris ngresepi jagade; ngurmati Gustine, sanajan kanthi cara sing isa diarani banget prasajane. Klebu ing ‘nalar’ yen Toynbee ngomong manawa ‘manungsa budaya’ pisanan kuwi masyarakat agraris, marga ora bisa ngembangake ngelmune yen isih nglakoni urip nomaden. Ing fase iki manungsa isih ‘separo kewan’; anane mung mburu lan mangan. Mangkono terus. Kaya masyarakat Indonesia utawa Asia Tenggara umume, masyarakat agraris iku banjur menggalih sistem budaya kang luwih kompleks, kanthi kesadharan, kalebu sistem religi utawa kapercayan.  Kaya sing diaturke Mulder: masyarakat Jawa kuwi percaya marang kekuwatan kang ngluwihi kekuwataning manungsa; kekuwatan adi-duniawi. Banjur bebarengan kekuwatan mau manungsa padha ngupaya harmoni, kanggo manembah marang Gusti. Yen ngrujuk ngelmu fisika modheren, harmoni kuwi ora kumudu padha, nanging bisa kolaborasi antarane cheos-cosmos umpamane. Yen ing mitologi ana oposisi-binari duniawi-adiduniawi umpamane. Gampange, sawijining ‘ana’ kuwi mbutuhake ‘ana’ liyane, supaya mlaku luwih imbang lan sampurna. Mangkono, wong-wong kabuyutan titip penggalihan-penggalihan, lumantar ritual-ritual, kaya dene merti bumi utawa merti desa utawa kang ing wektu saiki―wulan Juni tekane Agustus―ing wewengkon Gunungkidul sakiwa tengene lumrahe dilaksanakake lan sinebut rasulan. Kesadharaning masyarakat bab njaga lan nyukuri alam donyane iku urip lestari, lan kaya-kaya ing tataran ora sadhar, kang ing jaman kanthi spirit ‘islam’ diwenehi tenger upacara rasulan.

Rasulan, sawijining pangerten kang ngandhung etimologi ibrahiman, utawa yen luwih ciut maneh ‘islam’, nuduhke yen ing Jawa iku papan uripe idheologi Islam. Yen mangkene iki, bali nyang rembugan-rembugan sing wis kepungkur, kayata omongane Zoetmulder, Ulil, utawa Gus Dur: kaya-kaya ‘islam’ teluk marang Jawa, dudu Jawa teluk marang ‘islam’. Ana bab-bab sui-generis-e Jawa, kang lestari, kang awali, nadyan klambine Hindhu, Budha, Kristen, Tao, Islam, lan liya-liyane, nanging urip langgeng ing dhasaring pikir lan atine wong Jawa.  Iku kesadharane wong Jawa, kang kaya-kaya kanthi ‘ora sadhar’ dilakoni saben siklus wektu. Wong Jawa, kalebu wong Gunungkidul sakiwa tengen, iku inklusif, tarbuka marang idhe-idhe werna-werna. Uger idhe-idhe mau sadalan karo apa sing pinercaya adoh ing ‘rasa’ne, ing manahe. Mula ing tata lair arep manganggo ‘istilah’ apa wae ora dadi perkara; bakal nganggo klambi apa wae ora masalah. Manawa nganggo kaca matane Freudian, saka ritual rasulan iku isa diwaca anane collective unconciousness, ketaksadaran kolektif; secara ora sadhar, masyarakat Gunungkidul percaya marang kekuwatan kang murba alam donyane engga saben wektu perlu ngadani ritual rasulan minangka peling lan rasa sukur.

Mangkono: upacara iku―kaya dene upacara-upacara sajinis kang tuwuh ing bumi Jawa, uga ing nusantara, kepara ing wilayah bumi endi wae―ingaran minangka rasulan. Anane upacara iki ing wilayah Gunungkidul tambah nguwatake anane supreme being: dzat sing paling dhuwur, paling mula, paling ora bisa diomongke nganggo basane manungsa, kang tansah sesidheman ing simbul-simbul kayata gunung(an) lan tanem(an) minangka pasemon: ‘banyu urip’ kang nguripi manungsa iku ana sing nglairake, njaga, ngonstruksi, lan nglairke maneh. Iki kaya dene siklus. Rasulan iku sawijining ritus ‘ngrumangsani’ kang menawa diwaca nganggo Freud, Weber, Strauss, Saussure, Geertz, lan sakteruse, mbokmenawa ora bakal cukup. Marga, kemampuan spiritual sekumpulan manungsa Jawa iku sadhar marang ‘ruh’e, ngrasa marang agraris-e. Kadhang-kadhang, carane wong Barat maca samubarang ‘jawa’ iku ora mertimbangake dhimensi iki.

Rasulan

Bersama-sama mengaturkan sembah bakti kepada Sang Pengada dengan simbolisasi menghormat altar balai desa.

Upacara-upacara kaya jinis rasulan iku mau stereotip, lan prototip-e lair ing dhaerah tropis, ing Asia Tenggara; ing nusa-antara. Tesis iki linandhesan penggalihan manawa  kang diarani ‘manungsa budaya’ iku dumadine ing Indonesia; ing Ngandhong, Wajak, Solo, Trinil, Pacitan, Gunungkidul, lsp. Manungsa kang lair lan ngrembaka ing daratan semi-desertis Afrika iku ‘separo kewan’, banjur ngulandara (waca: migrasi) nuju Asia Tenggara kanggo golek papan kang ‘nyengkuyung’ kanggo ngembangke budaya. Mbokmenawa marga penggalihan iki mula manungsa iku duwe konsep ‘ngulandara’, ‘hijrah’, ‘migrasi’, lan sabangsane; kaya dene (kaum) Adam kang ing wektu-wektu bacute kudu ngulandara supaya ‘suci’. Embrio rasulan iku wis ‘kuno’ banget, setuwa manungsa Jawa mijil ing wektu-wektu mula. Kabeh kekuwatan iku tinemu ing alam, saka alam: banyu kang nguripi, gunung kang aweh subur, wit-witan kang ngeyubi―mangkono ‘buyut’e wong Jawa nggambarake falsafah jagad gumelar ing wektu-wektu kuno. Yen diomongke nganggo istilah idheologi, mbokmenawa idheologi Jawa iku pancen arketip ‘sadulure’ ing lembah Indus. Tembung ‘indus’ iku turunan saka tembung ‘indu’, kang bisa ditegesi ‘ibu’. Lemahe Si Ibu. Mula wong-wong nusantara duwe istilah ‘ibu pertiwi’: ibu sing nurunke manungsa-manungsa. Tembung ibu uga nurunke tembung ‘india’, ‘indian’, uga ‘indonesia’. Mbokmenawa tembung ‘indonesia’ iku dhapukan tembung ‘indu’ lan ‘nesos’.

Miturut Santos, wong-wong Yunani Kuno wus tepung lan asring teka ing sawijining wilayah kepulauan-kontinental kang diarani ‘nesos’, ‘insula’, utawa ‘peninsula’―kang nurunke tembung ‘nusa’, kang subur-makmur gemah-ripah-loh-jinawi. Yunani Kuno ngarani Jawa kanthi tembung white island, pulo putih, yaiku pulo kang disuburake dening ‘geni’ (waca: gunung geni). Veda ngomongke yen Jawa iku sveta-dvipa, pulo putih, utawa saka-dvipa (pulo papan laire ras saka utawa ras putih), asring uga diarani yavanas kang tegese ‘putih’ lan biasa diucapke {javanas}. Mbokmenawa tokoh Aji Saka ika bisa digathukake karo teges: sawijining ‘aji’ saka ras Saka, ras putih, kang laire ing pulo putih; Pulo Jawa. Mula, marga mangkono iku, ke-rasul-an iku asale saka alam. Saka putihe geni. Saka gunung-gunung. Saka lemah. Kang nglairake. Kang nyuburke. Kanthi tetuwuhan.

Mbokmenawa saka iku uga banjur sinebut ‘rasul’, utawa ‘utusan’,  utawa ‘caraka’; utusaning ‘langit’ lan ‘bumi’. Gunung―wakil langit―minangka phallus, bumi minangka yoni. Sang rasul banjur ‘saresmi’―datasawala―supaya mikoleh wiji. Lair tetuwuhan. Ing wektu-wektu bacute, ing teks-teks, ing crita rakyat, ing mitologi, diwakili simbul hierogami antarane Wisnu lan Sri. Ing crita, Sri maujud pari. Sri lan adhine, Saddana, ngulandara, sinambi nanem. Lan nanem. Banjur bali nyang kayangan jeroning “Sri Mulih”; mengkono yen ditilik lakone. Pari, dening manungsa mula Indonesia, Dravida, diarani sarici utawa arici. Ing budaya liya istilah iki duwe turunan rice (Eng.), oryza (Greek), cerealis (Latin), lsp. Lan kanthi anane pari, sumber panganan ing sakiwa tengene kali kang subur diajab ora bakal entek.

Reog bagian tak terpisahkan dalam tradisi rasulan.

Simbul hierogami Wisnu-Sri iku bisa diwaca saka kesenian ‘reog’ kang lumrahe dianggo ngregengake upacara rasulan ing Bejiharjo. Reog a la Bejiharjo, kaya reog gaya Gunungkidul umume, kang beda karo reog Panaraga, nggambarake nyawijine Sang Panji lan Sekartaji; panjalmane Wisnu lan Sri iku dhewe. Simbul kuwi uga bisa dipirsani ing seni wayang beber Gelaran Bejiharjo, utawa ing seni Kethek Ogleng Bejiharjo. Mbokmenawa iki kang diarani saresmi, manunggal, supaya para utusan bisa kumleyang, bali nyang angkasa.

Asil wacan saka simbul kuwi, yen dijumbuhke karo kahananing masyarakat, kaya-kaya bisa nggambarake kaya ngapa masyarakat banget ngregani penggalihane lumantar kesenian ing upacara rasulan. Lha kepiye ora, sajeroning samangsa tanem, yen ditintingi, masyarakat  luwih akeh nampa rugi tinimbang pametu sing cukup kanggo urip. Ngono wae digempil kanggo keperluan upacara rasulan. Apa maneh kanggo nyukupi tandhon panganan ing wulan-wulan ngarepe. Durung kanggo mangsa tanem candhake. Masyarakat kudu yasa dhewe, tuku neng pasar, utawa ijol-ijolan wiji karo petani liya. Mbokmenawa iku maknane ‘wiji’ tumrape masyarakat: dhuwit kanggo keperluan rasulan kuwi dudu wiji, kosok balene, penggalihan kang dadi dhasar ngapa masyarakat kuwi tetep milih tetanen sanajan asile sacara material ora sepiraa kuwi luwih minangka wiji kang aji banget. Mula pantes dilstarekake. Marga wiji iku mulaning dumadi, wiwitaning kang ‘ana’. Sadurunge nganakake tetuwuhan, dipurwani kanthi ritual wiwitan. Wiwitan iku miwiti kanthi uba rampe. Kaya dene Gusti miwiti lumantar zeitgeist, atma, utawa ruh, mula taneman diwiwiti nganggo jambe suruh, endhog, klapa, minangka ruh-e. Mbokmenawa iki minangka wali saka apa-apa kang ana iku.

Puas, lega, penuh semangat: setelah menjalani laku spiritual sebagai peraga reog rasulan.

Sawuse tuwuh, ngrembaka, sumilir, njur kapethik, tekan titi wancine dibalekake marang siklus-e; diwujudake wiji maneh. Ing wektu kaya ngene iki, rasulan nggayuh maknane. Rasulan minangka sarana ‘mulat sarira’ babagan tata jagad gedhe-cilik kang laras. Ing rasulan, papan-papan kaya dene kali, pundhen (leluwur kang dipundhi), banget digatekake. Kesadharan bab wigatine kali minangka sumber banyuning urip temen-temen dipapanake ing tataran kang urmat. Pundhen, luwih minangka pikurmatan kosmogoni bibit-kawit, leluwuring masyarakat. Kali lan pundhen diresiki kanthi gotong-royong, guyub, golong-gilig, lan sing cetha handarbeni, digawekke uba rampe ‘sambel mandhing’, diupacarani, ing pungkasan diwenehi simbul ‘panjang ilang’ kanggo mulyakake. Ritual iki tambah jangkep kanthi anane sawetara ‘laku’ masyarakat kungkum ing kali minangka cara kanggo ngresepi alam, uga laku pasa ngebleng. Mbokmenawa iki kang diarani keimanan sejati marang alam sakisine; marang banyu, marang geni, marang lemah, lan marang angkasa ing endi rasulan iku diadani. Titi laksanane prosesi upacara rasulan manganggo apa kang diarani ‘gunungan’. Gunungan, replika gunung, utawa isa disebut geometri-sakral,  minangka pemut tumraping masyarakat yen ana sawijining kekuwatan kang ora bisa diukur nganggo kekuwataning manungsa, kang mapan sajeroning manah, kang tinuju; kang bakal coba digayuh tekan kapan wektu.

Arep kepiye wae, kanthi reroncen upacara iku, kang ngandhung siklus uripe masyarakat, rasulan terus lumaku. Acara gumbregan utawa kendhuren ing sumber-sumber banyu dibacutake ing pusat pahargyan, ing bale desa Bejiharjo. Bejiharjo, beji (sumber banyu) lan harjo (subur, reja). Sukur diunjukake marang Kang Ngrancang Urip, kang duwe kuwasa ing lemah, taneman, banyu, angkasa, lsp, kang nguripi, lan tarkadhang Si Urip iku dhewe. Ungeling gamelan kang ngisi sela-selaning prosesi upacara nambahi kempeling siklus ngaurip kang mulur-mungkret, ing sak-gong-an banjur mungel maneh. Tledhek, campursari, reyog, kethoprak, dumadi sarana efektif minangka mnemonic device, pepeling: adoh ing penggalihaning masyarakat Bejiharjo tinemu nalar yen manungsa lan kabeh prodhuk budayane iku ‘urip’ kang pantes diuripi, nganti masyarakat dadi pundhen, nganti dumadi si siklus iku dhewe. Tamtu wae wayang purwa ora klemput; wayang bab manungsa-manungsa purwa, manungsa mula, manu, lumrahe digelar minangka ruh, saderma didadekke sesanti: martakake tresna marang para leluwur lan maca jagade kang isih nggumelar.

Belik/kali, sumber air yang menghidupi fisik dan psikis petani.

Nanging, nama apa wae kang raket karo dheweke: rasulan, merti desa, wilujengan desa, bersih desa, sedhekah bumi, utawa dasanama liyane, kabeh minangka bukti anane ‘dzat kang ora winates’ kang adoh tumanem-sumare ing kesadharaning masyarakat Gunungkidul utawa masyarakat Jawa lumrahe. Kaya-kaya dheweke iku ‘syariat awali’ agama langit lan bumi, kang nyawiji. Cekake, prakara-prakara kaya dheweke iku luwih angel diucapke, digambarake, ditlesih nganggo tetembungan utawa konsep warna-warna, tinimbang saderma ditonton ngono wae, minangka panglipur rasa―kaya kang daklakoni sawetara wektu kepungkur. Mbokmenawa kaya dene impen bebarengane manungsa, istilahe Freud,  babagan kerasulan sawijining kekuwatan kang tansah dumadi ing penggalihe, kaya dene pasangan-pasangan: nyawijine Wisnu-Langit lawan Sri-Bumi, utawa saresmine Chronos lan Gaia, utawa manunggale Lingga-Yoni, utawa para caraka kang datasawala, utawa banyu pati sarining ngaurip klawan mata ari. Mbokmenawa kekuwatan mau pancen akeh nama dhirine, kang memper, gumantung sapa lan apa modhale kang dinggo ngarani, uger kabeh mung basane manungsa, bisa: Sing Gawe Urip, Sing Nguripi, Si Wenang, Gusti, Brahman, Paramatman, Supreme Being, Wholyone, Ego Tak Terbatas, Allah, utawa kang dening sawetara manungsa diarani Si Dhanyang (Dhang-Hyang), utawa kanthi apa wae manungsa golek wakile nganggo konsep teologis-spiritual, utawa mung nganggo tetembungan sing diturunke wong tuwane wae. Utawa marga kuwi kabeh wus kakubur suwi lan aduh ing manahe manungsa, saengga nganggo rujukan apa wae ora nuwuhake prakara.  Uga kanthi anane upacara rasulan ing Bejiharjo ing taun iki, ing selasa wage, kang karasa beda, kaya-kaya isin-isin ngomongke kekuwatan-kekuwatan mau dicekel kenceng dening masyarakat kang ambyuk ing lapangan, gumbira, saperlu mirsani bebering reog.

Pohon kehidupan: karena keberadaan merekalah air tanah tersimpan dalam perut bumi dan dapat dimuntahkan sepanjang musim.

Aja-aja, kuwi kasunyatan wektu iki―masyarakat ora sadhar manawa upacara rasulan kang diadani taun iki mung dadi saderma ‘pesta’ biasa: saderma nggempil dhuwit pametuning tetanen kanggo seneng-seneng, marga donyane mlaku tansaya ora ngepenaki; ya najan asil pokale manungsa dhewe. Mung butuh hiburan wae. Prilaku ‘ndesa’ kang ngregani alam owah dadi ‘ng-urban’ utawa ‘ngutha’ kang nyepelekke alam. Kali, tlaga, guwa, kali ngisor gunung kapur, belik, lan sumber banyu liya arang diresiki, kuwi wae mung setaun pisan ing rasulan iki, wit-witan gedhe kang nahan banyu ditegori, dianggo toko utawa bisnis pribadi. Yen mengkene, apa sing diarani ‘maju’ kadhang kala malah ngendheg lakune alam, marga manungsa kudu menggalih woh tumindake dhewe sing tansaya ngrepoti, akeh, lan kompleks.

Pungkasane, rasulan bisa ngajak marang kesadharan alam, nanging ing wektu iku uga nggiring marang hedhonisme lan ‘modhernisme keblinger’ merga ngiwakke konservasi, utawa mung minangka ritual kang kudu dilakoni saben siklus wektu ananging mlarat rasa. Aja-aja jangan lombok ijo jangkeping upacara rasulan ing taun iki cemplang; aja-aja gunungane sing apik-apik iku mung ampang?

______________________

Naskah: Dhanar Widianta; dokumentasi foto: Andriyani Widyaningtyas; teks foto dan editing naskah: Joko Yanuwidiasta.

About these ads

Komentar»

1. masgareng - Maret 3, 2012

Durung rampung anggonku moco gur iso geleng-geleng. Nulisi iso runtut toto bosone apik. Lha mbok aku diwarahi kang, Aku lagi pengin belajar nulis.

2. jjwidiasta - Maret 7, 2012

ayo, nulis, nulis, dan nulis…kui foto-fotone om Gareng wis bercerita, tinggal ngasih caption yg masih tersimpan di imajinasi..

3. shigeruka - Mei 25, 2012

kok migunakake tembung “rasul” ki larah-larahe kepriye ya?


Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

%d bloggers like this: